Kamis, 15 September 2011

bagian 10

Bagian 10: In The Morning
B: Heh … wes tangi?
A: ah ehm, ….. iyo tangi kenek iler mu
B: piye mbok balek e liwat endi?
A: yo dalan seng mabengi
B: wes lali
A: yo kok ono dalan setapak …
B: lah iyo ta mbok mabengi liwate mbrubus iku ag mosok liwat dalan setapak…
A: lah west a lek iki dalan setapak neng endi maneh lek gak neng hotel….
B: iyo ta mbok, tambah nyasar maneh engkok..?
A: lah iyo2 lek kari gak percoyo ag, endane ono wong kurang gawean nggawe dalan setapak ngene iki lek gak ndek hotel….
……………………………………………………………
B: mbok …
A: hmmm
B: isun ngroso ono seng gak bener ag mbok ambek hotel iku…
A: lah ojo ngono ro lek
B: iyo mbok temenan e, saket awal ono seng janggal mulai teko pelayanane, kamare, tamune, toilet, kabeh wes
A: alah iyo ta? gak pembayarane seng kon ke isinan iko?
B: yoh salah sijine
A: wes lah ojo ngono
B: mabengi iku pas aku ndek toilet aku ketok2 en arek, klambine akeh getih e, rupane,tangane, keleleran kabeh wes, mangan daging mentak yo, mageh cucuran getih e…
A: terus asline ?
B: yo arek iku mek mbenerno wedak e…
A: kok kan ojo pati paranoid ngono ta
B: sih mbok gaya inggrisan ag, eh tapi temenan mbok terus lare iku gak sadar ngomong njaluk tulung, ngongkon aku minggat teko hotel iku sak cepete…
A: iyo she ajane mbok ngroso ono seng gak bener pisan, mbok ketok2en lare cilik koyo korban perang ngono, cucuran getih, pas kene ngeliwati koridor ate neng ruang makan mau. Terus pisan neng ruang makan wong2 njerit2, histeris kabeh, suara jeritane iku lek nggiris neng ati mbok
B: iyo maneh pas iku, isun kan nggolek I mbok, isun takok wong onok opo, jare yo kongkon mlayu pisan mbok, serangan e wes dimulai jare… mboh opo maksud te
A: meneh lek iki dalan mulo tujuan ne hotel, ketok ane hotel iku mulo berhantu engkok langsung ngepak2 barang, embok gak tahan maneh wes
B: iyo yo mbok koyo2 hotel iku pengen kene sakcepete mbalek, sampek digampang no dalane
A: yo iku lek, masio kene wes perasaan gak enak tapi barang e sek ndek kono kabeh…. Lek ditinggal yo gak iso balek ndek jawa
B: alah mbok lek masalah duwek ae tinggal gesek, gak usah mbalek wes
A: iyo passport e kene endi? Ktp, surat2 liane…. Meneng kene kan mudune terjun bebas, engkok di kiro mati kecelakaan ag engkok kapal jatuh piye….
B: duh lek iki bener hotel e ngono kene yo podho ae nyerahno nyowo mbok
A: sedhiluk ae, njukuk tas langsung minggat… meneng kene kan yo pisan during sempat bongkar2 barang, gampang le…

B: eh tapi during mbayar mbok
A: seng paran2 wes iki mas2an yo sun kek no…
B: cukup ta mbok?
A: ngawur ae iki bandul e berlian 99 karat yo lebih2…
B: endi ono mbok 99karat
A: ono! iki isun golet iyo ndek samudra atlantik kono, pas dibung rose teko titanic…ngelangi isun lek golek
B: lah iyo wes percoyo2
A: asline iki tek e mbah mu cuk beno wes kesok ditebus maneh….
B: iyo seng penting selamet sek mbok…

Tidak ada komentar:

Posting Komentar